Jumat, 20 Maret 2009

KAWRUH SAPALA

Kawruh sapala ing babagan kesehatan kandhutan lan bayi.

KEDADEYAN SALAH KEDADEN,JABANG BAYI ING SAJRONING KANDHUTAN UMUR 3 SASI.

“APA BISA DIENDHANI?”

Ana kedadeyan,bayi lair procot bareng dititi pranyata driji2 tangane ora jangkep……….

Apa sebabe kok jabang bayi bisa nandang kapitunan kang kaya mangkene..?

Sabanjure,sumrambah gunem ing antarane sadhengah sedulur kang rada nglangut kaya mangkene,jarene nalika ngandhut enom biyen,kakunge seneng mbebedhag menyang alas,lan oleh2ane buron, terus dithetheli sikil2e….Laku kang kaya mangkene iki tumus marang jabang bayi sing dikandhut, arupa bayi sing lair ora jangkep(nuwun sewu)

,drijine ora ana ,malah ana sing ora duwe sikil utawa tangan…..mulane yen ingkang garwo lagi ngandhut aja sok sia2 marang kewan lan sa- pada2 (nek iki mesthine bener,kanggo sok sapaa wae)……..aku dhewe nyumanggakake,yen ana sutresna PS sing kagungan nalar kang kaya mangkono ….

Hananging ana kalodhangan iki arep dak aturake salah sawijining salah kedaden gawan lair kang diarani ing basa ilmiyah Kedokterane: CONSTRICTION BAND SYNDROME utawa CONSTRICTION RING SYNDROME ana uga sing ngarani STREETER’S DYSPLASIA lan ana sawetara aran liyane, ning gateke aran, karepe nerangake yen salah kedaden kuwi arupa kahanan kang kaya mangkene: jabang bayi lair procot kanthi nyandhang cacat driji tangan, utawa sikil, apa ugel2 tangan, utawa sikil, bingget kaya kejiret karet gelang. Gumantung abot enthenge kedadeyan, ana sing kaya kejiret ukur2 sawetara uga ana kang kejiret kanthi nemen,nganti mbendhol abuh sikil utawa tangane,yen driji katon menthul abuh,malah yen sing nemen banget ono kang kuthung driji utawa tangan lan sikile…..Dadi ing kene cetho,kapan kedadeyane, yaiku sawise sikil lan tangan bayi ing sajroning kandutan wis wangun,wangune wis sampurna, banjur ana alangan kang awujud jiret kaya karet gelang mau …..

Saka ngendi asale jiret kuwi?

Asile panaliten para ahli kasil nerangake kedadeyan iki kang kaya mangkene: kandhutan biyung sawise sasi kang kaping telu, yaiku sasi kang cukup kanggo jabang bayi, bayi wis awujud bayi kang sampurno,wis jangkep piranti2 lan bageyan2 kang mangun awak,kayata jerohan,sirah,mata,gulu,jaja,weteng,geger,dalah lengen lan tangan sakarone,semono uga ampeyan sepasang,mung wae ukuran awake bayi isih cilik udakara sak kepel.Ana njero kandhutan ibu,sijabang bayi cilik kuwi isih dibungkus ketuban lan bayi kungkum sajroning banyu kawah kang anget kanthi swasana kang banget aman, ayem, tentrem lan kecukupan apa kang dadi kebutuhane kanggo TUMBUH KEMBANG nganti mengko cukup umure kandhutan, jabang bayi wis cukup gede lan siap dilairake...

Ning emane,sajroning swasana kang ayem lan tentrem mau,dumadakan ana kedadeyan kang banget ngantrokage,yakuwi dumadakan otot2 kandhutane sibiyung KONTRAKSI kuwat banget sing mahanani getihen sajroning ketuban mau lan bayi ngalami kekurangan zat oksigen sawetara wektu suwene.Jalaran saka kedadeyan iki, sing dikira para ahli andadekake bageyan2ne ketuban kang diarani chorion frondusum, malih rupa, dadi benang2 lan njireti bageyan awake bayi, utamane sing nonjol, kayata tangan lan sikile sijabang bayi. Sateruse jiretan iku mau saking serete, ngganggu marang ilene ludiro lan tlutuh wening (getah bening).Gumantung marang kenceng lan ora kencenge jiretan,akibate beda drajat kerusakane,ana sing mung bingget tanpa ngganggu pigunane bageyan awak sing kejiret mau, ana uga sing jiretan kuwi ngalangi ilene rah lan getah bening sing arep bali menyang jantung, akibate ,mbaka suwe bageyan sisih pucuk dadi mbendhul kebak isi rah lan getah bening,katon abuh ora bagas lan migunani,malah ono sing dadi bosok (nuwun sewu),akhire kuthung, kaya sing dak andharake ing ngarep geguritan iki.

Sedulurku,para sutresna PenyebarSemangat sing banget dak tresnani. Andharan sing dak aturake mau ngelingake kita bab alangan sing kedadeyane dumadi ana sasi katelu sajroning biyunge ngandhut.

Miturut dawuhe para ahli , asil panaliten, lan uga wis dicoba nganggo conto kewan tikus ana ing laboratorium,nyimpulake: pancen sajroning sasi katelu kandhutane biyung, kepara akeh banget alangane,kayata ibu kang lagi ngandhut enom mau nyambut gawe rada abot, utawa ngalami tiba,utawa ngunjuk jamu peluntur semono uga unjukan dalah daharan kang ngandhut bahan sing bisa angganggugawe ketentreman kandhutane biyung,malah ana sawijining bahan baku plastic (wis dicoba kalawan tikus ing laboratorium),sing pranyata bisa kuwasa nyebabake otot kandhutane si ibu KONTRAKSI lan ngganggu ketuban, apadene banyukawah sakjabangbayine, kaya sing dak aturake ing ngarep geguritan iki…

Para sutresna,adhedasar andharan kang ana ing ngarep mau,aku nyoba hangaturi pitakonan kang kaya ana ing judhul gegurutan iki, pitakonan:”KEDADEYAN SALAH KEDADEN IKI APA BISA DIENDHANI?”………

Wasono ,sumangga……

Geguritan iki kaanggit dening:

dr.H.Suparimbo Soepadi SpOT

Ka SMF Orthopaedi&Traumatologi

RSUD DR.SUBANDI JEMBER.

(Jember,21SenenPon,sasiPasa,1943/22Ramadhan1429H)

KONTRAKSI:wangune kandhutan kuwi arupa otot2,yen wis titiwancine bayi lair,otot2 kuwi kontraksi(mengkeret) bebarengan,andadekake bayi lair liwat guwa garba.

TUMBUH KEMBANG:janin dadi bayi terus bocah ,pemuda-pemidi,diwoso.Kuwi arane ing basa Indonesia:tumbuh kembang.Growth and development(Inggris)

POTO lan GAMBAR:








Lucu2ne bocah,umur rong taun;drijine pruthul lan pating plethot,ugel2e tangan kaya kejiret.Constrition ring syndrome.Poto kolesi pribadi.



DAPTAR BUKU WACAN:

  1. Staheli T Lynn,MD;2003; Fundamental of Pediatric Orthopedics ; 3rd ed;Lippincott W&W.
  2. Lovell and Winter’s;1990;Pediatric Orthopedics;3rd ed;vol two;J.B.Lippincott Company Philadelphia.
  3. Apley Graham A;Solomon Louis;1993;Apley’s System of Orthopaedics and Fractures;7th ed;ELBS.
  4. Salter Robert Bruce;1999;Textbook of Disorders and Injuries of the Muskuloskeletal System;3rd ed;Lippincott William&Wilkins.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar