Jumat, 20 Maret 2009

Kawruh sapala ing babagan orthopedi

Kawruh sapala ing babagan orthopedi.

SIKILE JABANG BAYI KUWI MENGKONE BAKAL PENGKOR OPO ORA?

Cara kang prasaja kanggo mesthekake, beda antarane sikil pengkor(nuwun sewu),karo sikil normal ,nalika bayi lahir procot.

Ngantuantu kelairane jabang bayi kanggone sadengah sedulur andadekake wektu kang nglangut banget,apamaneh ing wektu sajroning proses kelahirane si jabang bayi.

Salah siji sing andadekake degdegan penggalihe para bapa biyung dalah eyang, yakuwi pitakonan:”jabang bayine normal opo ora ya?”

Akeh pratanda salah kedaden, sing bisa disandang dening jabang bayi mau arupa cacad gawan lair, bisa dipesthekake nalikane jabang bayi mentas lair procot kanthi cara kang prasaja . Mangga dak aturi nggatekake perangan bayi sing kepara wigati kanggo mlaku yen wis wayahe mengko, yakuwi:ampeyan utawa sikil.

Ora arang yen kita maspadaake,bayi kang mentas wae lair procot, kayakaya sikil lorolorone utawa salah sijine katon “pengkor”. Kahanan iki mesti wae andadekake cuwa ing penggalih bapa biyunge, dalah eyang lan sedulursedulure ,lan bisa dadi rerasanan:”ajaaja sikile sijabang bayi cacad.!..”.

Para sutresna,mangga dadio kawuningan yen iki ana resep kang cespleng, kanggo mestekake kaanan ampeyane jabang bayi ,yaiku nganggo cara kaya mangkene: “Kanti lembut lan ngatiati, panjenengan cekel wentise jabang bayi nganggo tangan kiwa;sawetara tangan tengen ngupadi nyedaake gegere sikil gathuk karo gares. Yen kanthi gampang gegere sikil bisa gathuk karo gares,ateges sikile kuwi:normal,dijamin ora pengkor”.

Sawetara kadangkala ana, ampeyane jabang bayi sing katone pengkor, iki disebabake sikepe sikil ana ing sajrone kandhutan biyunge rada ketekuk.Dadi bareng lair procot sikepe sikil isih nekuk banget,kayakaya pengkor nguwatirake kanggone sing mriksani…… Yen para sutresna kebeneran ngalami bab iki,lan isih gojaggajeg,coba panjenengan leksanaake resep kasebut ing ngarso kuwi….

Ana kalane, rikala sutresna nyoba ngetrapake resep kasebut, ora kasil, yakuwi ora bisa nggathukake antarane gares karo gegere sikil,yen kaya ngene kedadeyane, iki bisa mestekake yen ampeyane jabang bayi mau nandang cacad, utawa sikile pengkor, lan yen ora enggal diusadaake, bakal cacad pengkor salawase ngaurip(mbesuk yen wis wayahe mlaku udakara umur setaun ora bisa nganggo sepatu; lan mesti wae ora bisa balbalan yen bocah wis rada gede;bocah kuwi mengko yen lumaku dlamakane sikil ora ngambah jogan,gegere sikil sing dadi kapalen merga saben ngadeg lan lumaku gegere sikil sing nyangga abote awak kalawan jogan, malah gegere sikil kuwi bisa ngalami tatu infeksi kang angel warase….iki ora ngeden ngedeni lho…!...)

Sutresna PS,cacad kaya ngene iki kang diarani ing basa ilmiyah kedok

terane :CTEV cekakan saka Congenital Talipes Equino Varus, kang tegese: jinjit pengkor dlamakane madep menduwur lan sikile bengkok nengah merga gawan lair.

Yen iki sing panjenengan temoni,aku nganjurake,enggalenggal panjenengan nemoni dokter ahli Orthopedi&Traumatologi ing Rumahsakit sing cedak ana kutha panjenengan kareben diupakara,diusadaake kanthi cara kang uga prasaja,ora usah nganggo dioperasi.

Enggal enggal nemoni dokter, ateges mburu wektu,ora usah ngenteni sepasar utawa selapan barang, senajan sijabangbayi isih abang.....Mengko dak aturake ing wasono,apa nalare kok kudu cepetcepetan mau.

Para sutresna sedulurku kang minulya,mengko dokter mesti mrikso maneh kanthi luwih satiti cunduk karo keahliane.Yen bener jabangbayi panjenengan nandang CTEV,kanthi cara kang lembut,alus lan ngatiati dokter mbalekake sikep lan wangun sikil sing (nuwun sewu),pengkor mau sitik mbaka sitik, kanthi pangareparep, ampeyan kuwi pulih sikep lan wangune, lumrah kaya kancakanca sabarakane.Kanggo sawetara wektu,sikep lan wangun sikil sing mentas didandani kuwi dijaga diajab ben ora pengkor maneh,kanthi cara dibungkus kaos,kapas lan gips. Bungkus kang rada atos lan kaku iki diganti angger seminggu utawa rong minggu sepisan,bebarengan karo terus mbenakake sikep lan wangune ampeyan,nganti ketekan apa sing dikarepake yaiku sikil normal,utawa nyedaki normal.

Gunggungkepruk, bungkus kang bahane gips kuwi, diganti antarane ping 5 nganti ping 7,sawise kuwi diterusake biyunge sing kejibah njaga, menerake sikep lan wangune sikil, nganti bocah trantanan, terus mlaku, kanthi wangun lan sikep ampeyan kang pener.....Terkadang anakalane diperlokake operasi cilik, nganggo dipatirasa lokal,yakuwi yen kebeneran otot kang aran tendo Achiles cendak banget merga mengkeret.

Para sutresna,bedo mengko yen sikil kang pengkor merga gawan lair iki,rada kasep pangupakarane.Ing kene kahanane sikil, sikep lan wangune wis kaku banget,balungane sikil wis ora trep ora pener gathukane,otototot lan kothotane perangan sikil pada mengkeret kabeh,prasasat wis ora bisa ditata maneh, sikep lan wangune sikil, kanthi cara kang prasaja mau.Ing kahanan iki, diperlokake operasi gede,angupadi trep lan pener bebalungane sikil,sarta ndawakake kothotan ing antarane bebalungane sikil, lan otototot, sing wis pada mengkeret kuwi.

Sedulur dalah para sutrisna kang dak tresnani,kenangapa kok kudu amburu wektu...kaya dak aturake ing ngarep.....?

Panaliten ilmiyah ing babagan ilmu Kedokteran nemokake bukti yen sajroning proses nglairake jabang bayi, kadar hormon estrogen kang ana ing iline rah biyunge,dhuwur banget. Kadar estrogen sing dhuwur iki diperlokake kanggo nglenturake(anggampangake molor) kothotan ing antarane balung, sing gawe wangune pinggul si biyung,sapangajab murih guwa garba ana sajroning pinggul bisaa melar luwih lodhang,lan cukup kanggo diliwati sijabang bayi nalika lair.

Nyatane adhedhasar panaliten ilmiyah uga,hormon estrogen sibiyung sing dhuwur kadhare kuwi, uga disalurake marang jabang bayi liwat plecenta lan ariari.Dadi estrogen sing melu larut sajroning ilene rah bayi mau uga dhuwur, mahanani :kothotan ing antarane bebalungan lan otototote bayi uga lentur lan gampang diolor. Kalodhangan nalika lentur lan gampang molore kothotan lan otototot iki sing kita manfaatake,kanggo ngupadi sapangajab, mbalekake wangun lan sikepe sikil kang pengkor mau bisaa bali kaya sikil normal.

Sutresna,kalodhangan kuwi ora suwe,amarga sajroning antarane 24 nganti 48jam estrogen ana ing iline rah jabang bayi wis bali normal kadhare,ateges kothotan lan otototot wis ora lentur maneh sawise wektu kuwi, saiki kothotan lan otototote bayi wis ora bisa diolor maneh......Lha rak perlu rada kesusu ta,....hara...!...

Para sutresna Penyebar Semangat kang minulya, wasono sumangga.....Sugeng ing dinten Ariadi,1Syawal 1429H; kula sakulawarga hangaturaken sadaya kalepatan,lair tumus ing bathos,lan nyuwun gunging pangaksami.Minalaidin walfaidzin......

Poto lan gambar:

Wacan rujukan:

  1. Staheli T Lynn,MD;2003; Fundamental of Pediatric Orthopedics ; 3rd ed;Lippincott W&W.
  2. Lovell and Winter’s;1990;Pediatric Orthopedics;3rd ed;vol two;J.B.Lippincott Company Philadelphia.
  3. Apley Graham A;Solomon Louis;1993;Apley’s System of Orthopaedics and Fractures;7th ed;ELBS.
  4. Salter Robert Bruce;1999;Textbook of Disorders and Injuries of the Muskuloskeletal System;3rd ed;Lippincott William&Wilkins.

Geguritan kaanggit dening: dr.H.Suparimbo Soepadi SpOT, FAPOA

Ka SMF Orthopaedi&Traumatologi

RSUD dr.SUBANDI Jember-Fak Kedokteran UNEJ

(numpak sepur argowilis,6 september 2008,”tleser-tleser” )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar